Kamis, 20 September 2012

crita lucu basa jawa


Diwedeni Setan lan Diarani Setan
A
ku  isih kelingan crita iki, amarga ngaraku crita iki lucu. Wektu iku, aku isih kelas papat SD. Wektu lagi seneng-senenge dolanan lan kumpul karo kanca-kanca. Bocah-bocah cilik biasa kumpul ana ing lapangan pingir kuburan “Canthuk”. Umahku ora adoh saka lapangan iku. Kari ngetan, kurang lewihe 50 meter. Yen ana umah cete werna coklat enom lan latare amba, ya iku umahku. Bocah-bocah saka wetan biasane padha ngampiri aku yen arep dolanan ing lapangan.
Jaman iku, lagi rame-ramene dolanan layangan ing desaku. Dadi, saben jam telu sore wis padha ngumpul njekeli layangane dhewek-dhewek. Layangan pethekan iku layangan sing dakkepengini. Aku durung duwe layangan, amarga ora ana dhuwit kanggo tuku. Aku mung melu-melu ngeburake layangan lan mlayu-mlayu ngoyok layangan pethil. Aku uga seneng yen kancaku padha njaluk layangane diburake nang aku. Nanging Adi, tanggaku, tukang ngomong kaya ngene,” Lah, apa iku, bocah ora duwe daging kon ngeburake layangan, apa ora katut...! “ Adi pancen bocahe asal ngomong lan usil, nanging uga lucu.
Ing dina Setu sore, aku rada keri mangkat meng lapangan, amarga aku dipundhawuhi ibu njujugi slametan marang tangga-tanggaku, paman, lan mbah kakungku. Rampung njujugi slametan jam setengah lima. Aku langsung pamitan marang ibuku, yen aku arep dolanan layangan ing lapangan, nanging ora ulih, amarga wis sore. Aku tetep njarag mangkat bae karo ngonthel pit. “Ndhuk, adus dhisik ndhuk, wis sore iki...!” dhawuhe ibuku.
Aku gugup meng lapangan. Anggonku ngonthel dakcepeti. Nembe tekan prapatan, aku wis krungu swara jeritan bocah-bocah padha dolanan. Aku wis ora sabar, pengin cepet-cepet ngeburake layangane Arum, amarga layangane Arum iku entheng lan apik.Barang arep tekan lapangan, aku ngrasa kok swara jeritan-jeritan mau sangsaya lirih lan ilang.
Jebule bener. Aku kaget. Lapangane sepi. Anggonku mandengi karo ndomblong. Dakkedhep-kedhepke mripatku lan dakkucek-kucek. Aku kaya ora ngandel, bocah- bocah padha ilang. Pikiranku nganah-nganah. Kringetku gobyos. Rasane ora genah. Wedi campur gumun. Aku ninggalake lapangan cepet-cepet. Aku ngepit karo clingak-clinguk mandengi kiwa tengene dalan. Tekan prapatan sing ana wit randhu gedhe, ban pitku kaya ngidak kayu pring, lan muni,” Preketee...k!” Ujug-ujug kaya bantal putih tiba saka ndhuwur, pas nang ngarepku. Aku njerit sebanter-bantere. Pite dakrubuhake lan aku mlayu.
Tekan umah, aku langsung mlebu kamar lan lawange dakkunci. Bapak lan ibuku bingung. Lawang kamarku dithothok-thothok. “Ana apa, Ndhuk? Bali-bali langsung ngunci kamar.” Ngendikane ibuku. Lawange taksih dakkunci. Aku mung njawab,” Wonten setan ing lapangan Pak, Bu...”   “Setan ya wis biasa ndhuk, aja wedi, nanging ya adus dhisik.” Dhawuhe bapakku. Aku ora gelem metu saka kamarku. Sewengi iku aku ora adus lan ora mangan.
Esuke, aku tangi jam enem. Wetengku ngelih. Aku metu saka kamar lan sarapan. Wektu iku ibuku taken pite nang ngendi. Aku karo plirak-plirik njawab yen pite ana ing prapatan pnggir wit randhu. Sidane, pit iku dijupuk adhiku.
Jam telu, Arum ngampiri aku dolanan layangan. Aku ora gelem mangkat amarga keweden. Dakcritakake setan ing lapangan lan prapatan pinggir wit randhu. Arum ngguyu-ngguyu amarga dheweke ngerti yen iku gaweane bocah cilik kanggo medeni bocah liya. Aku ya ngenes dijaili bocah cilik karo pocong-pocongan kasang sing kaya bantal putih mau. Saiki aku ora wedi, lan aku mangkat dolanan layangan.
Sore iki ora kaya biasane. Saiki aku malah dikon njekelake layangane Adi. Aku ya seneng bisa dolanan layangan, nanging senenge iki mung sedhela. Layangane Adi tumangsang ana ing wit jambu pojok wetan kuburan. Aku dikon menek ngakali, nanging aku ora gelem, amarga aku wedi. Wit jambu iku dhuwur lan cawange arang-arang. Aku digawakake andha lan dikon menek. Adi meksa-meksa, amarga layagane iku isih anyar. Sidane aku ya gelemsanajan wedi mbok tiba. Layangane dakjupuk ana ing pucuk lan dakuculake sedurunge aku mudhun saka wit. Barang aku arep mudhun, andhane malah digawa lunga nang Adi. Kanca-kanca uga padha ninggalake aku. Aku kaweden lan nangis. Saben ana wong sing liwat kono, dakjaluki tulung. “Pak, Bu aku tulungi....”  Nanging ora ana sing mandheg lan weruh aku. Malah bapak-bapak saka sawah manggul pacul kang midhanget swaraku kok mlayu-mlayu, lan mbengok-mbengok,” Ana setan...ana setan njaluk tulung...”  Aku ya tambah ngenes. Aku uga keweden, malah diarani setan.
Wektune sangsaya sore. Aku bisa mudhun jam enem, amarga ibuku nemukake aku. Aku digawakake andha lan mudhun. Sakwise ngalami kaya iku, aku ora tau dolanan ing lapangan maneh.


Fajar Faozathul Khikmah
15 / X1



Tidak ada komentar:

Posting Komentar