Selasa, 18 September 2012

pidato khitan




Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan, Kepala Rumah Sakit PKU Sruweng
Para karyawan Rumah Sakit PKU Sruweng ingkang kinabekten
Saha para rawuh ingkang bagya mulya

Langkung rumiyin, mangga kita sesarengan ngonjukaken syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Alloh Maha Agung, ingkang sampun paring kanugrahan lan rahmatipun sahengga kita sedaya saged pepanggihan lan makempal wonten ing pawiwahan khitan massal menika tanpa alangan satunggal menapa.

Sholawat lan salam ugi tansah dipunlimpahaken dhateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW. Mugi-mugi kita saged nampi syafa’atipun benjang ing dinten kiamat. Allohumma amin.

Kula ngaturaken maturnuwun dhumateng sedherek pranatacara ingkang sampun paring wekdal dhumateng kula. Mugi-mugi wekdal menika saged dipunginakake kanthi sak sahe-sahenipun.

Para rawuh ingkang bagya mulya,
RS PKU Sruweng menika salah satunggalipun rumah sakit ingkang sampun kondhang wonten ing Kabupaten Kebumen. Buktinipun menapa? Kathah tiyang gerah kang mundhut obat tumuju PKU Sruweng. Menika nandhakake menawi PKU Sruweng dipunpercaya dening masyarakat.
Lan khitanan massal, adicara ingkang dipunwontenaken kangge mengeti dinten ambal warsa RS PKU Sruweng menika, adicara kang cocog lan kathah manfaatipun. Saged dipuntuladhani kangge sinten kemawon menawi damel adicara kedah manfaat, supados wonten kasile.
Para rawuh ingkang bagya mulya,
Nindhakake khitan menika hukumipun wajib, amargi Gusti Alloh sampun dhawuh marang Nabi Ibrahim as supados bersuci kanthi cara khitan, ingkang wonten ing sejarahipun, Nabi Ibrahim as nindhakake khitan menika sampun yuswa 80 tahun. Ing jaman sakmenika, tiyang kakung mboten khitan ing yuswa sampun sepuh. Mangga bapak ibu menawi kagungan putra enggal mawon dipunkhitanaken. Adicara khitanan massal menika uga saged mbantu bapak ibu menawi putranipun badhe dipunkhitanaken, bapak ibu mboten repot utawi bingung nimbali mantri kangge nyunati putranipun.
Mugi-mugi Gusti Alloh paring berkah pangestu wilujeng dhumateng putranipun ingkang mentas dipun icali sukeripun, lan putranipun panjenengan sageda dados putra ingkang diwasa, ngertos tanggung jawab, bekti marang sesepuh lan murakapi dateng brebayan, kathah labuh labet dateng negari, bangsa, lan agaminipun. 
Para rawuh ingkang bagya mulya,
Mugi-mugi mangke adicara khitan massal menika saged lancar, lan mugi-mugi RS PKU Sruweng ingakang sampun selangkung taun saged njumbuhake tingkat kesehatan wonten ing Kabupaten Kebumen kanthi layanan ingkang sahe.

Cekap semanten atur kula, bok bilih wonten kalepatan lan kiranging tata krama anggen kula matur, kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb


(Fajar Faozathul Khikmah, 09/XI IPA 3)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar